19.11.12


 Gempil lagi ngejak pacare ngelencer numpak montor bengi-bengi.
Pas sampek Pacet, pacare njaluk indehoi nang njero montor.

 Pertamane Gempil isin soale wedhi konangan wong kampung, tapi mergo
pacare giras, akhire Gempil nyerah.

 Wis mari oleh rong ronde, pacare sik njaluk maneh. Gempil sampek
gelagepen ampun-ampun gak kuat maneh.
Gempil njaluk time-out metu montor dhiluk apene rokokan.
Pas katene nyumet rokok, sekok kadhoan Gempil ndhelok onok wong
lagi ndongkrak ganti ban bocor.

 Bareng dicedaki, tibake koncone dhewe, Muntiyadi, wah ketepakan iki
pikire Gempil.
”He Mun !, laopo koen bengi-bengi athik kluyuran nang kene” takok
Gempil.

”Lho awakmu Pil, pancen aku lagi apes bengi iki, katene golek gendakan
gak oleh-oleh malah banku bocor pisan” jare Muntiyadi.
”Wah ketepakan lek ngono, aku wis oleh gendakan, ayu semlohe, cumak
girase gak ketulungan, wis oleh rong ronde sik njaluk maneh, sampek teler
aku.

 Wis ngene ae, yok opo lek ijol-ijolan ae, montormu tak genti bane terus
tak gowo mulih, lha awakmu gendakan ae ambek cewek nang montorku
iku, montorku gowoen pisan. ” jare Gempil.
”Wah tepak wis, sip !!! ” jare Muntiyadi sueneng pol. Gempil yo lego isok mulih.

 Sik tas ae Muntiyadi katene mulai gendakan ambek cewek peninggalane
Gempil, moro-moro onok wong kampung siskamling nggedhor kocone montor ambek nyentolopi raine wong loro.
”He !!! Lagi opo awakmu nang kono ? ”takok wong kampung mbentak Muntiyadi.
”Anu Pak . . aku lagi gendakan ambek bojoku dhewe jenenge Romlah.
.” jare Muntiyadi gemeter.
”Lek iku bojomu, laopo gak gendakan nang omahmu dhewe ?” jare wong kampung maneh.
”Anu Pak, sak jane aku lagek weruh lek iki bojoku dhewe pas sampeyan
nyentolopi raine . . .” jare Muntiyadi.


Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar