19.11.12

Sopir taxi sombong


Bunali ngelencer nang Spanyol kepingin ndelok matador.
Mari mlaku-mlaku, wetenge luwe terus mampir nang restoran.
Mergo menune kuabeh nganggo bahasa Spanyol, Bunali malih bingung.
Akhire Bunali takok nang pelayane opo menu sing paling special.
Ambek pelayane Bunali ditawari bakso spanyol, Bunali setuju.
Pas panganane teko, tibake penthol bakso mek loro dihias godhong tales.
Mergo luwe, penthol loro iku diunthal sak emplokan, tibake bakso spanyol
yo enak pisan pikire.
Mari mangan, Bunali takok nang pelayane ”Daging opo iku mau, kok
enak baksone?”
Pelayane ngomong lek iku ngono bijine sapi sing matek kalah tarung
ambek matador.
Pertama Bunali kudhu muntah pas krungu, tapi mergo enak yo wis gak
opo-opo.
Cumak Bunali kuaget pas mbayar tibake regone luarang, untunge sangune nang kesak sik cukup.
Sisuke Bunali teko maneh nang restoran iku maneh katene pesen bakso
special koyok wingi.
Mergo nggondhok, sak durunge budhal, Bunali nyeblek kecoak terus
disaki.
Pas panganane teko, tibake penthole saiki rodhok cilik. Gak opo-opo
wis, sing penting enak.
Mari mangan, Bunali ngetokno kecoak ambek bengok-bengok.
”Aku gak gelem mbayar, lha mosok baksone onok kecoake” jare Bunali.
Pelayane akhire ngalah, Bunali gak perlu mbayar. Bunali sueneng akale
berhasil.
Pas katene mulih, Bunali protes maneh nang pelayane opoko kok penthole saiki rodho cilik gak koyok wingi.
Pelayane cerito lek dino iki sing kalah matadore.
Wonokairun mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois
gak gelem kalah ambek ABG. Pas katene mulih dhadhak dirampok nang
parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari
kampesan thok.
Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.
Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.

 Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong blas malah ngilokno.
”Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! ”jare supir taksine nang ngarepe wong akeh.
Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.

Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau,
pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan.

 Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.
Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis tuwuk dulin, akhire Wonokairun mulih.

Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, katene balas dendam.

Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine sithok sithok.
”Cak, nang Sepanjang piro” takok Wonokairun.
”Biasa mbah, borongan ae seket ewu” jare supir taksine.
”Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?”
takok Wonokairun maneh.


”Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku
iki wong lanang normal mbah, goleko sing liyane ae !” jare supir taksi iku
ambek misuh-misuh tersinggung.

 Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh misuh gak karuan, tapi Wonokairun cuek ae.

 Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi
lemu ireng kopiahan sing digoleki.

 Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.
”Cak, nang Sepanjang piro?” Wonokairun aksi takok.
”Biasa ae mbah, seket ewu. ” jare supir taksine.
”Yo wis, ayok ndhang budhal.”Wonokairun langsung numpak terus budhal, Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.

 Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon
konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi iku,
mesam-mesem ambek ngomong ”Eenaaak teennaann . . .”

 Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh
gilo kudhu mukok . . .


Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar