19.11.12

Umur


 Wonokairun lagi ngobrol soal umur ambek koncone sing podho kewute.
Wak So sing umure 60 taun mulai cerito, ”Paling gak uenak iku lek
wis umur sewidhak. Ben obah sithik kebelet pipis, tapi bareng wis nang
jedhing sampek sepuluh menit gak metu blas, mek anyang-anyangen thok.”

 Wak Nyo sing umure 70 taun gak gelem kalah, ”Lho durung weruh kon
yo, paling gak uenak yo lek umur pitung puluh. Mangane kudhu bubur
bayi maneh. Mari ngono, ben arep longgo mesti mules kebelet setor, tapi
bareng wis ndhodhok sampek sepuluh menit gak metu blas, mek kepentut
bolak-balik”

Akhire Wonokairun, sing umure 80 taun, melok ngomong,”Wok kemalan
kabeh, sing paling gak weunak yo umur 80 koyok aku ngene”.
Wak So takok,”Lho peno yo anyang-anyanen koyok aku ngene yo ?”.
”Yo gak se, aku tetep isok pipis lancar ben isuk jam 6.” jare Wonokairun
bangga.
Wak Nyo genti takok,”Sampeyan mesti ngalami mules kepentut-pentut
koyok aku yo ?”

”Sori Rek, aku tetep isok setor lancar ben isuk jam setengah pitu.” jare
Wonokairun bangga.
Wak So ambek Wak Nyo malih bingung lan penasaran,”Sik tah lah, peno
sik isok pipis lancar ben jam 6 isuk, terus peno sik isok setor lancar ben
jam setengah pitu isuk. Lha terus opo sing nggarakno gak uenak lek wis
umur 80 ?”
”Masalae mek sithok, aku sering kerinan, tangiku mesti jam pitu isuk .


Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar