18.11.12

Kulit Mungsuh Kulit


Pak Imron ndhuwe anak wedok jenenge Romlah. Anak’e iki waduh, uwayune pol.


Selain iku Pak Imron yo nduwe pembantu jenenge Soleh. Pembantune iki arek’e mbethik.
Masio Nakal tapi Soleh iku arek’e sregep, dikongkon sembuarang mesti gelem.

Lha Soleh iku wis suwe ngesir Romlah. Berhubung de'e cumak pembantu dadi Soleh gak wani nggudho langsung.

Akhire Soleh oleh kesempatan. Pas Romlah turu ndhik kamar, Bapak’e Romlah nyeluk Soleh tekok kamare,
"Leh . . Soleh,  Bapak jupukno sandal ndhik kamare Romlah cepetan".
"Iyo pak, tak jupukno" jare Soleh, mari ngono Soleh mlebu nang kamare Romlah
"Lah . . Romlah, aku dikongkon Bapak ngesun pipimu" jare Soleh.

Romlah kaget lan gak percoyo, "Leh.. koen ojok kurang ajar lho. Engkok koen tak kandakno Bapak."
Soleh terus mbengok banter," Pak..pak.. Romlah gak gelem pak."

Bapake Romlah emosi dibengoki Soleh, mari ngono ngomong banter,
"Romlah kekno ae, ojo mbantah perintahe Bapak."

Romlah terpaksa manut, terus pipine disun karo Soleh.
Mari ngesun pipine Romlah, Soleh njupuk sandale terus mblayu nang kamare Bapak, "Pak.. pak, iki lho sandal sampeyan," jare Soleh.

Mari ngono Pak Imron metu tekok kamar. Pak Imron kaget ndhelok Romlah nangis, "Lah.. Romlah awakmu opok’o kok nangis".
"Aku mari diambung karo Soleh", jare Romlah.
"Opoo !!!" jare Bapak’e Romlah ngamuk, saking ngamuk’e sampek ngentut duuut.
"Leh ... koen kok wani-wanine ngambung Romlah !!!".

"Pak .. pak,  sampeyan ngono ae kok ngamuk, iki lak cuma kulit mongso kulit "  jare Soleh.
Akhire Bapake Romlah gak sidho ngamuk didem-demi Soleh.

Gak suwe ibuk’e Romlah mulih tekan pasar. Ibuk’e Romlah kaget pisan ndhelok Romlah nangis.
Bareng ngerti lek Romlah diambung Soleh, Ibuk’e Romlah terus muntap, duren sing sik tas dituku dijupuk

langsung di gibengno nang raine Soleh.


Soleh nangis gerung-gerung ngrasakno lorone. Mari ngono Bapak’e Romlah ngomong nang Soleh, "Leh… Soleh, iku lak cumak kulit mongso kulit. Mosok ngono ae
wis nangis".



Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar