19.11.12

Sepeda


 Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek sore.
Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak
sepeda gunung metu seko pelabuhan.

 Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing guedhe loro
kiwo tengen. Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.
Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok
sampek kampes. Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine
mek pasir thok. Gak onok nakobar blas.

”Kon laopo sepedaan nang kene ?” takok Muntiyadi.
”Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak.”
jare Togog.
”Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?”takok Muntiyadi.
”Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir
iki.” jare Togog maneh.

 Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne
diperikso, akhire Togog diculno. Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan
maneh. Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok wingi.

 Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing cumak pasir thok, Togog terus diculno maneh. Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen
merikso Togog. Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo
diperikso maneh wong mek pasir.

 Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog
numpak sepedaan. Arek loro iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang
Togog ditraktir ngopi lek isuk.

 Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak
tau pethuk ambek Togog maneh. Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang
restoran, dhadhak pethuk Togog maneh. Tibake Togog iku sugih, montore
sedan anyar.

  Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir. Ambek mangan, arek loro iku ngobrol.
”Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku
yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih
koyok ngene. Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki
aku wis gak jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir,
selama telung taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?.” takok
Muntiyadi penasaran.
”Sepeda . . .”


Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar