19.11.12

Photo biyen


Cak Mar sik tas rabi, lenger-lenger nang pos hansip koyok wong liwung.
Gak sui Cak So liwat.

 ”Mar, kon iku manten anyar gak tambah seger lha kok malah lungset
nyaprut. Opoko kon iku Mar ?” takok Cak So.
”Iyo Cak, aku kepikiran bojoku.” jare Cak Mar.
”Opoko bojomu iku, wong tak dhelok bojomu iku tahes ngono lho.” jare
Cak So.

 ”Ngene lho Cak. Aku iki biasa njajan. Lha pas mari main malam
pertama wingi, aku ngetokno dhuwik seketan. Pikirku, arek wedhok sing
bodine koyok ngene paling banter taripe seket ewu. Aku luali pol lek tibake
iku bojoku dhewe.” jare Cak Mar.
”Kon yo ngawur ae. Tapi wis gak usah dipikir nemen-nemen, paling
bojomu tersinggung sedhiluk terus mari ngono yo kangen ambek peno maneh.”

”Aku kepikiran gak perkoro wedhi bojoku tersinggung ” jare Cak Mar.
”Lha opo lho masalae ?” Cak So malih bingung.
”Mari tak ke’i seket ewu, dhadhak aku disusuki selawe.”
Mari kencan ambek pacare, Cak War kepingin rokokan.

 Mari rogoh-rogoh celono, Cak War gak nemu koreke, terus takok pacare
be’e ndhuwe korek.
”Koreke nang laci Cak. ” jare pacare Cak War.
Pas mbukak laci, tibake Cak War ndhelok onok fotone wong lanang
dhempal brengosan.

Cak War langsung pucet wedhi kabeh.
”Lho dik, iki bojomu tah ? Cik sangare dik.” Cak War takon nang
pacare.
”Huss . .ngawur ae . .” jare pacare.
”Tunanganmu tah . . ?” Cak War sik penasaran.

”Dhudhuk Cak, peno salah ” jare pacare ambek ngalem nang Cak War.
“Ooo paling iki masmu, wong irunge mirip.” Cak War mbedhek maneh.
“Dhudhuk Cak, peno salah maneh. “ jare pacare.
”Lek ngono sopo wong iki ?” Cak War tambah penasaran.
Pacare njaluk pangku ambek ngalem mari ngono lagek ngaku.
”Iku ngono fotoku dhewe sak durunge operasi kelamin . . ”


Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar