19.11.12

Numpak lift


  Wak So lagek pertama kali iki nglencer nang TP ambek anak bojone.
Jenenge wong ndesit, Wak So ambek anak bojone gumun ndhelok sembarang kalir sing onok nang TP.

 Tapi Wak So sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krumkruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh isok muning mak tiing !
. . .
”Bes, opo iku jenenge . . .” takok Togog anake Wak So pas ndhelok
lawang wesi iku.
”Aku yo gak weruh pisan nak . . .sak umur-umur lagek pisan iki onok
lawang wesi koyok ngene.” jare Wak So.

 Akhire Wak So sak keluarga ndoprok nang ngarepe lawang wesi iku
ngematno ambek ndomblong.

 Moro-moro onok wong wedhok tuwek sak pantaran bojone Wak So
mencet tombol lawang wesi iku mau.

 Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedhok tuwek iku mau
mlebu nang ruangan cilik, terus pintune nutup maneh.
Mari muni ting ! . . ., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek
papat mendeg.

 Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg.
Pas lawang wesine mbukak maneh, Wak So ambek anake kuaget tibake
sing metu iku arek wedhok ABG ayu semlohe.

 Wak So bingung ambek kemlecer ngematno arek wedhok iku.
Mari mikir dhiluk, Wak So mbengok nang anake, ”Le !. . Ndhang
cepetan Makmu lebokno kono . .”


Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar