19.11.12

Duwik limolas juta


 Wonokairun lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu Malam.
Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing
bubulen.

  Wonokairun disambut ambet Mamane wisma.
”Aku pingin pethuk ambek Sablah” ajre Wonokairun.
”Mbah, Sablah iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang.

Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo . . .”
jare Mamane.
”Aku kudhu pethuk ambek Sablah.” Wonokairun mekso.
Akhire Mamane ngongkon Sablah metu seko petarangan, tibake areke
pancen uayu tenan..

 ”Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking ?” takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine
limang juta.

  Mari ngono, Wonokairun digandeng Sablah munggah mlebu arena. Bareng
wis mari diservis, Wonokairun minggat.Sisuke Wonokairun teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku.
”Aku pingin pethuk ambek Sablah” jare Wonokairun.
”Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Sablah, taripe pancet lho yo gak ono diskon” jare Mamane.
”Aku kudhu pethuk ambek Sablah” Wonokairun mekso maneh. Wong mulai kasak-kusuk ngrasani mbah Wonokairun.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.
”Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet limang juta
sekali booking ?” takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

 Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.
Sisuke maneh, Wonokairun teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam.
”Aku pingin pethuk ambek Sablah” jare Wonokairun.

”Mbah, masio sampeyan wingi wis booking ping pindho, taripe Sablah
pancet lho yo gak ono diskon” jare Mamane.
”Aku kudhu pethuk ambek Sablah,” jare Wonokairun. Wong tambah
rame kasak-kusuk ngrasani, tapi mbah Wonokairun cuek ae.

 Akhire Mamane nyeluk Sablah.
”Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek tarifku pancet limang juta sekali
booking ?” takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena.
Bareng wis mari, Sablah penasaran ambek Wonokairun.
”Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku lansung ping telu. Seko ndheso endhi sampeyan Mbah ?” takok Sablah.
”Aku seko Sepanjang” jare Wonokairun.

”Lho iyo tah !!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang pisan.” jare Sablah kaget.
”Wis weruh aku. Bapakmu mati sak wulan kepungkur. Mbakyumu
nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo
nyerahno dhuwik warisan limolas juta . . .”


Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar